Lirik Lagu Niken Salindry - Kidung Akhir Jaman Feat Awan Abimanyu

Pamèr donya, pamèr bandha, pamèr rupa, pamèr mulya
Jamané jaman kukila
Mata siji dadi berhala

Akèh udan salah mangsa
Akèh bayi golèk bapa
Wong ala dipuja-puja
Padha éling lan waspada

Wong wédok ilang wirange
Kali ilang kedungé
Pasar ilang kumandangé
Pertandha wis akhir jamané

Wong lanang ilang lanangé
Wanita tresna wanita
Wong nglanggar sumpahé dhéwé
Bebareng golèk memala

Cahya kamanungsan ilang
Peteng dhedhet ing kahanan
Nyenyuwun dalan kang padhang
Sendika titah pangéran

Post a Comment for "Lirik Lagu Niken Salindry - Kidung Akhir Jaman Feat Awan Abimanyu"